1. Salah sijine teks dheskripsi paragraf ditulis kanthi nyertakake unsur ….
2. Sing kondhang kanthi sebutan “Satriyo Pringgondani” lan “Alap-alap Pringgondani” yaiku ….
3. Teks dheskripsi kang nggambarake samubarang kayata ruang, panggonan, lan sapanunggalane diarani ….
4. Jaman biyen nonton wayang ana ing …. kelir.
5. Tradhisi Dhandangan misuwur ana ing kutha ….
6. Wong kang pagaweane nyanyi utawa nembang ing pagelaran wayang, diarani ….
7. Upacara slametan pitung sasi kanggo calon ibu kang mbobot kaping pisan ing Masyarakat Jawa Tengah lan Yogyakarta diarani ….
8. Tedhak siten yaiku upacara adat kanggo bocah umur ….
9. Tedhak siten asale saka tembung tedhak lan siten, dene tembung tedhak tegese ….
10. Miturut kapitayan, lemah iku nduweni makna gaib lan dijaga dening Bathara ….
11. Anggone nglakoni upacara tedhak siten luwih becik menawa miturut ….
12. Tradhisi kendhuren misuwur ana ing Jawa Tengah. Tembung misuwur duweni teges ….
13. Supaya bisa nemokake pokok pikiran sajrone paragrap, wacane kudu diwaca ….
14. Bapak nembe sakit waja. Basa krama sakit yaiku ….
15. Sinopsis duweni teges ringkes, sinopsis asale saka tembung ….
16. Nalika lair nganti umur nembelas dina, pusere Raden Gathutkaca ora bisa ditugel nganggo gegaman apa wae, nanging wusanane puser mau bisa ditugel srana warangkane gaman …. kagungane Adiati Karna.
17. Rama lan ibune Raden Gathutkaca yaiku …. lan ….
18. Perang Baratayuda iku perang antarane Pandhawa nglawan ….
19. Ana ing crita wayang sedulur lima lanang kabeh jenenge ….
20. Nalika ana ing Palagan Raden Gathutkaca ngadhepi …. kang dadi senapatine kurawa.
21. Sebutna 3 wae tuladhane prastawa budaya kang ngrembaka ing Tlatah Jawa!
22. Sebutna gamane Raden Gathutkaca!
23. Apa kang diarani dhalang lan niyaga? Gawea ukara nganggo rong tembung kasebut!
24. Bapak lungguh sinambi maca koran.
Salinen ukara ing dhuwur dadi krama alus!
25. Basa krama alus digunakake kanggo sapa wae?